Jumat, 23 Oktober 2015

contoh geguritan bahasa jawa



Contoh geguritan basa jawa

Lakune Manungsa
Dening:  Vela Nopian
Nalika esuk  wus wancine
Swara gumuruh tumeka ana ing sakiwa tengening uripku
Manuk-manuk kang ngoceh, embun kang tumetes


Nambahi sengseme kahanan esuk

Wus pitulas tahun lawase
Dina-dina kang wus kaliwat
Ora rinasa sajroning uripku
Kagawa hawa padang ing satengahing urip

Ora krasa yen manungsa iku
Saya suwe saya tuwa
Saya cendhak lakune
Saya cethek pikire

Mula yo pada eling
 Eling marng kang gawe urip
Aja mung nuruti kasenengan
Kasenengan kang ora ana asile
Yen wus tumeka wancine
Kapetik : Karya pribadi November 2014

0 komentar:

Posting Komentar